1. Tembung Saroja
yaiku tembung kalih utawi langkung ingkang tegesipun sami utawi meh sami dipun agem sesarengan.
Tuladha : Edi peni, gagah prakosa, andhap asar, suba sita, tumpang tindih.
2. Tembung Entar
yaiku tembung ingkang gadhahi teges mboten sak mestinipun (berarti kiasan).
Tuladha : dawa tangane, jembar segarane, ngabangake kuping, lunyu ilate, cilik atine, gedhe ndase.
3. Tembung Kerata Basa (Jarwa Dhosok)
yaiku tembung ingkang dipun gothak gathukaken supados jumbuh kaliyan tembung ingkang dipun kersaaken.
Tuladha :
Wanita : Wani diTata
Guru : diGugu lan ditiRu
Kodhok : teko-teKo ndoDhok
Tebu : anTepibing kalBu
4. Tembung Rurabasa (Salah Kaprah)
yaiku tembung ingkang salah panganggenipun nanging mboten wonten ingkang nyalahaken amargi sampun dados pakulinan.
Tuladha :
- Adhang sego
- godhok wedang
- nguleg sambel
- menek kambil
5. Tembung Garba
yaiku tembung ingkang nggandeng tembung 2 / langkung kanthi nyuda cacahing wanda.
Tuladha :
- Ratu (2) + agung (2) = ratwagung (3)
- Jalu (2) + estri (2) = jalwestri
- kaloka (3) + ing (1) + ratan (2) = kalokingrat (4)
6. Tembung Yogyaswara
yaiku tembung ingkang panyeratipun dipun walik, kangge ngoyak guru lagu.
Tuladha :
Anoman sampun mlumpat : 8a
Anoman mlumpat sampun : 8u
7. Tembung Bali Swara
yaiku tembung ingkang panyeratipun dipun ambali nginakaken aksara swara (vocal) a lan i ingkang tegesipun kakung lan putri.
Tuladha :
Pemuda - pemudi
Putra - putri
Raseksa - Raseksi
Tidak ada komentar:
Posting Komentar