Wacana Narasi
wacana sing nyritakake prastawa utawa kadadean kaya-kaya uwong sing maca nyekseni dewe utawa ngalami dewe prastawa mau.
Tuladha : nyritakke kronologine (jalan ceritane) prastawa tabrakan
Wacana Deskripsi
wacana sing nggambarake kanthi cetha salah sawijining kahanan (obyek). Obyek mau kaya-kaya ana ngarepe wong seng maca.
Tuladha : Kothak kayu ing pojk kantor kuwi kelire putih, duwure 60 cm, ambane 50 cm lan kandele 30 cm.
Wacana Eksposis
wacana sing nyritakake anane analisa proses nganggo cara narasi.
Tuladha : carane nggawe sabuk kulit (dicritakke saka wiwitan nganti pungkasan)
Wacana Argumentasi
wacana sing kanggo ngowahi penemune wong liya, supaya percaya lan wusanane tumindak jumbuh karo sing di karepke penulis.
Tuladha : Alkohol bisa gawe cilaka
Wacana Persuasi
wacana sing tujuane ngajak-ajak supaya wong liya tumindak jumbuh karo sing ngomong tanpa dipeksa.
wujude :
- propaganda (ngajak-ngajak langsung)
- iklan
- selebaran
- kampanye lesan
Tidak ada komentar:
Posting Komentar