Purwakanthi inggih menika tetembungan ingkang sami tulisan, suanten, wonten ing tembung-tembungipun kanthi ancas, kangge kanendahanipun basa.
Wujudipun purwakanthi :
1. Purwakanthi Swara
Tetembungan ingkang sami suanten aksara swaranipun (vocal).
Tuladha :
- Gemi, setiti, ngati-ati : i
- ana awan ana pangan : a
- inggah inggih ora kepanggih : i
2. Purwakanthi Sastra
Tetembungan ingkang sami panyeratipun (konsonan).
Tuladha :
- Sluman, slumun, slamet : sl
- putrane petruk padu perkara pohong putih : p
- tata titi tatag tanggon : t
3. Purwakanthi Basa/ Lumaksita
Tembung ingkang sampun dipun ginakaken dipun ginakaken malih wonten ing tembung sak lajengipun.
Tuladha :
- sayeng kaga, kaga sang anjani putra : kaga
- carang wreksa, wreksane ngrasuk busana : wreksa
Tidak ada komentar:
Posting Komentar